Tembung Sesulih – Tembung sesulih ing basa Indonesia kang diarani kata ganti utawa pronomina. Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi penggantine wong, barang utawa frasa kang nduweni tegese barang.
Tembung sesulih migunake pengganti wujud barang utawa wong supaya ora disebutake bola-bali. Jenis tembung sesulih ana 6 macem, yaiku:
- Sesulih purusa
- Sesulih pandarbe
- Sesulih panuduh
- Sesulih pitakon
- Sesulih panyilah
- Sesulih sadhengah
Daftar Isi
Tembung Sesulih purusa
Tembung sesulih purusa yaiku tembung sesulih kang dadi gegantine wong kang rembugan (sesulih utama purusa, purusa kapisan), wong kang diajak rembugan (sesulih madyama purusa, purusa kapindho), lan wong kang dirembugi (sesulih pratama purusa, purusa katelu).
. Jenis tembung sesulih purusa ana telu yaiku:
- Tembung sesulih utama purusa (purusa ka 1)
- Tembung sesulih madya purusa (purusa ka 2)
- Tembung sesulih pratama purusa (purusa ka 3)
Tembung Sesulih Utama Purusa
Tembung Sesulih Utama purusa yaiku purusa wong ka 1 sing rembugan. Tembung kang kalebu utama purusa yaiku kula, aku, ulun, ndalem, ingsun, abdi dalem, kita lan kawula.
Tuladha ukara tembung sesulih utama purusa yaiku :
- Akulagi mangan jenang grendul.
- Kulabadhe kesah dhateng Ngajojakarta.
- Kawula ndherekaken tindakipun bapak.
- Adalemboten saged sowan panjenengan dalem.
- Nini Widawati, kita ngaturake pangabekti, sadurunge lan sawuse wus ulun tampa. Ora liwat pangestu ulun tampanana!
- Bapa Druna, den prayogakna pilenggah jengandika,manira arsa wawan rembag kalayan paman Arya.
Katrangan:
- Tembung adalem saiki lumrahe diucapake dalem, dene tembung panjenengan dalem diucapake nandalem utawa panjenengan wae. Lugune, tegese tembung dalem yaiku mu utawa kowe. Adalem tegese dudu kowe , dadi ateges saya.
- Tembung “ulun” lumrahe dienggo marang dewa utowo titah ing pagelaran wayang.
- Tembung “kita” minurut basa kawi tegese “kowe”, nanging saiki, minurut basa Indonesia tegese owah dadi “aku lan kowe ”.
- Tembung sesulih purusa duwe makna “jamak” ora tinemu ing basa Jawa. Nanging ana frasa kang dianggo nuduhake jamak yaiku: saya kabeh, kula sedaya, kowe kabeh, sampeyan sedaya, panjenengan sedaya, lan panjenengan sami.
Tembung Sesulih Madya Purusa
Tembung Sesulih Madya purusa yaiku purusa wong ka 2 kang diajak rembugan. Sing kalebu madya purusa yaiku kowe, sampeyan, jengandika, dika, samang, slirane, nandalem, panjenengan, sira, lan awake.
Tuladha tembung sesulih madya purusa yaiku :
- Kowe arep menyang endi?
- Sampeyansaged kula ajokaken dhateng pengadilan.
- Sampun, cekakipun pantes sanget menawi kagem nandalem.
- Pukulun,keparenga anuntuni margining kayuwanan miwah sampurnaning sangkan paran.
- Bocah-bocah,kowe kabeh kudu tansah sinau sing mempeng.
- Paman harya Sangkuni,pakenira metua ing pagelaran.
- Bapa Druna, dhapur kapasang yogya denejengandika sampun rawuh wonten negari Ngastina.
- Sinuwun, rawuh padukaing dhatulaya, ri paduka ngaturaken pambagya panakrami.
- Siraaja ngendhak gunanning janma.
Katrangan:
- pukulun, pakenira, jengandika, padukaora kanggo ing padinan.
- Tembung “slirane” kadhang ya dianggo purusa kaloro, nanging becike kanggo purusa kaloro ora nganggo tembung slirane.
Tembung Sesulih Pratama Purusa
Tembung Sesulih Pratama purusa yaiku purusa wong ka 3 sing diajak rembug. Contohe pratama purusa yaiku dheweke, dheknene, dheke, piyambakipun lan piyambake. Tuladha sesulih pratama purusa yaiku:
- Dhewekesaiki wis lulus saka UGM.
- Piyambakipun sampun dipuntampi dados PNS.
- Panjenenganipun bapak bupati nembe tindak dhateng Jakarta.
- Ya Alloh, ngoten menika? pancen budheweke niku asring kebut-kebutan menawi dalu ngoten, lha kok akhire kados ngeten bu. Sampun kersane gusti bu.”
Tembung Sesulih Pandarbe
Tembung sesulih pandarbe yaiku tembung sesulih sing dienggo nyulihi keduwekan. Ing basa Indonesia diarani kata ganti pemilik, pronomina posesif.
Jenis tembung sesulih pandarbe uga ana telu yaiku:
- Pandarbe Purusa Kapisan
- Pandarbe Purusa Kapindho
- Pandarbe Purusa Katelu
Pandarbe Purusa Kapisan
Pandarbe purusa ka-1 yaiku: -ku, -kula.
- Sing werna abang kuwi bukuku.
- Bukuku digawa sapa ya?
- Ingkang warni abrit menika buku kula.
- Buku kula ingkang warni abrit menik
Pandarbe Purusa Kapindho
Pandarbe purusa ka-2 yaiku: -mu, -sampeyan, -panjenengan.
- Bukumuapa wis kogawa?(Ngoko)
- Sapa sing nggawa bukumu?(Ngoko).
- Buku sampeyan sampun kula waos ngantos tamat.(Krama Lugu).
- Sabin sampeyan menapa dereng angsal toya? (Krama Lugu)
- Buku panjenenganwis takwaca nganti tamat (Ngoko Alus).
- Buku panjenengansampun kula waos ngantos tamat.(Krama Alus)
Pandarbe Purusa Katelu
Pandarbe purusa ka-3 yaiku: -e, -ne, -ipun.
- Amini duwe buku novel. Saiki bukune diwaca ibu.
- Bapak ngagem ageman putih. Agemanekeceprot endhut.(Ngoko Alus).
- Mbah Sastra ndamel meja kaliyan dingklik. Damelanipun sae-sae.(Krama Lugu).
Tembung Sesulih Panggandheng
Tembung sesulih panggandheng yaiku tembung kang dienggo nggandhengake babone ukara karo anake ukara, misale tembung sing, ingkang, mulane.
Tembung sesulih penggandheng uga diarani tembung sesulih panyilah.
Tuladha sesulih panggandheng yaiku :
- Sawangen putrane pak Prapto saiki, kebut-kebutan iku ora keren tetapi mbahayani, mulanedadi wong ojo seneng kebut-kebutan.
- Swara kangngabangke telinga ora perlu dirungokake.
- Ingkang ngagem rasukan bathik punikadosen kula.
- Bab ingkangpanjenengan aturaken kala wau pancen leres.
- Buku singdaktuku wingi kae disilih Tutik.
- Bab kangarep dakaturake iki beda karo liyane.
- Paklikku singnganggo klambi biru kae, sekolah ana ing Amerika.
- Rasukan ingkangsampun mboten cekap dipunsukakaken korban bencana alam.
- Kawula ingkangbekti dhumateng Pangeran, bakal dipun uji dening Gusti.
- Priyantun ingkangngagem jas menika dhirektur pabrik waja.
- Sapa singsinaune mempeng bakal keturutan karepe.
- Wong singmangkul pethi kae, nggawakke barange ibu.
Tembung Sesulih Sadhengah
Tembung sesulih sadhengah yaiku tembung sesulih sing dienggo nyulihi barang barang sing durung maton, durung genah utawa durung mesthi.
Tuladha tembung sesulih sadhengan yaiku: sawijining, sapa-sapa, apa-apa, apa bae, sing sapa (bae), saben uwong, kabeh, lan salah siji.
Tuladha tembung sesulih sadhengah:
- Cathetana sapa-sapa sing arep kokundang.
- Sing sapa wonge mampu ngusadani Sang Putri bakal didadekake jatukramane.
- Apa-apa kok ora bisa, gumun saya.
- Panjenenganipun boten ngersakaken menapa-menapa.
- Yen barange kaya ngene pira-pira saya gelem nampa.
- Iki kalebu sawijining bagian kang kudu antuk kawigaten.
- Yen barange kaya ngene pira wae aku gelem nampa.
- Kula aturi nyatheti sinten-sinten ingkang badhe panjenengan aturi.
- Sinten tiyang ingkang ngusadani Sang Putri bakal dipundadosaken jatukramanipun.
- Kowe mau tuku apa bae?
- Sing sapa liwat kudu mbayar.
- Menawi barangipun kados makaten pinten-pinten kula purun nampi.
- Samubarang kang kumelip ing alam donya mesthi diudaneni dening Kang Maha Kuwasa.
- Sawijining dina ana wong pepriman teka ing omah gedhong iku.
- Any Asmara iku sawijining pengarang sastra Jawa kang kondhang.
Tembung Sesulih Panuduh
Tembung sesulih panuduh yaiku tembung sesulih sing dienggo nuduhake barang sing cedhak, adoh lan rada cedhak.
Tuladhane tembung sesulih panuduh: iki, kae, kuwi, punika.
Tuladha ukara migunaake tembung sesulih panuduh:
- Dim, ikingono dompete sapa? ko keri neng kursi.
- Ngapunten pak, punikabuku gadhae Ali.
- Lha menyang ngendi bocahkae kok durung mulih?
Tembung Sesulih Pitakon
Tembung sesulih pitakon yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Kang ditakokake iku bisa awujud barang, uwong, utawa kaanan.tugas
Sing kalebu tembung sesulih pitakon yaiku apa, sapa, ngapa, yagene, genea, endi, sing endi, kapan, kepriye (priye/piye), lan pira.
Tuladha ukara nggawe sesulih pitakon:
- Kowe mau kok nangis ngapa, dhik?
- Iki anakmu sing endi?
- Geneakowe teko ndisiki?
- Apaiki sing jenenge kembang sepatu?
- Sing nang omah mau sapa, In?
- Yagenekowe panas-panasan, Yul?