close

TEKS PIDATO BAHASA JAWA

Negesaken Identitas Bangsa
Assalamualaikum wr.wb.
Sugeng enjing kula haturaken dumateng Ibu Guru kaliyan rencang-rencang sedanten. Ing wekdal punika kula bade ngaturaken pidato ingkang wonten kaitanipun kaleh pangenget dinten kamerdikan.
Tanggal pitulas agustus kaleh ewu enem belas meniko, bangsa Indonesia ngrayakaken dinten kamerdikan ingkang kaping pitung doso satunggal taun, yuswa ingkang mboten saget malih disanjangaken enem. Yuswa kang sampun mateng kagem pembangunan ekonomi, sosial, politik, lan hukum ingkang sejatosipun kedah sampun mapan. Negari-negari tanggi kang mardika sak sampunipun Indonesia, sampun ninggalaken kemajuan ing werni–werni bidang kahuripan. Kados pundi bangsa kita, napa sampun saget maujudaken kemajuan ing werni–werni bidang kahuripan?
Kita mboten perlu sungkan ngakeni menawi selami swida satunggal taun puniko, mboten katah pertumbuhan ingkang saget kita wujudaken. Ing bidang ekonomi saget kita tingali wonten kasenjangan kang langkung wiyar antaranipun kelompok sugih lan miskin, lan lapisan ekonomi kelas menengah mboten cekap jumlahipun kagem njembatani kasenjangan kasebut.
Ing bidang hukum, kita tingali wonten proses panegakan hukum kang langkung sae, khususipun ing penanganan masalah korupsi. Ananging, pancet kemawon niku kados puncak gunung es kang diberantas namung ing permukaanipun kemawon. Sejatosipun kejahatan korupsi sampun dados wabah ing sedanten lini ing negari kita.
Ing bidang politik kita tingali, euforia kabebasan wonten ing pundi–pundi. Hal punika ndamel bungah, amargi selami tigang dasa kaleh taun ing mangsa orde gres kita mboten gampil angsal kabebasan berpolitik. Ananging,
kabebasan kang wonten ing saat punika dados kabebasan kang kabablasen. Masayarakat dados mboten terkontrol, mboten manut hukum, lan angkuh ing tengahipun impitan kasusahan lan kemiskinan.
Ing bidang–bidang lintunipun kados pendidikan lan kesehatan, kita ngadapi problem ingkang sami, dilema kang sistematis ingkang ngantos sepriki taksih dipecahaken kalian pendekatan–pendekatan taktis, sanes pendekatan strategis.
Dados milai sakmenika kita sedanten kedah mawas diri lan sami-sami maujudaken warga ingkang sadar hukum lan ngraketaken sesambungan pitulungan lan kekeluargaan, supados kita saget tentrem lan aman, paling mboten ing lingkungan sekolah kita piyambak. Mugi-mugi kita sedanten diparingi kasehatan lan yuswo awet kalian Ingkang Maha Kuaos.
Cekap semanten pidato kula, mugi-mugi saget dados manfaat bagi kita sedanten.

Wassalamua’alaikum wr. wb.