Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Nipon lan Aldo. Bocah loro iku seneng anget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Nipon ngampiri Aldo.
Nipon : Do, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Aldo)
Aldo : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Nipon : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Aldo : Dolan nyandi lho ?
Nipon : Yo emboh… Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho…
Aldo : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah gue lek sampek maghrib eneh !
Nipon : Hehehe, ora-ora.
Aldo : Gek nggawa uang opo ora ?
Nipon : Halah, kuwi dirembug engko ae… Yo wis gue arep mulih (Mlaku ngadohi Aldo )
Aldo : Oke-oke…. Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Nipon lan Aldo dolan. Nipon lan Aldo ora kelingan yen iki mau wayahe kalangan drama B. Jawa kanggo cobaan praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Nipon lan Aldo.
Parman : He, enek sing ngerti Nipon karo Aldo ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi…
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Aldo ae sing enek wong tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho…
Parman : Halah kuwi duduk perkara keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, gue neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Deni : Oke bos…..
Banjur Parman mara menyang omahe Aldo. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman balik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire dinantikan sampek maghrib Nipon lan Aldo ora ana ketok.
Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem golongan yo golek liyane ae.
Deni : Nah, sepakat saya. Yo wis gue pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Aldo lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu kawasan ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene gue (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye….
Parman : (nyanyi gundul-botak pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho…
Parman : Sing penting lagu tempat lho…
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop…. hahaha
Deni : Hahaha, lha gue ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono gue ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi… yo uwis nggae kuwi ae…
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Aldo : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Deni lan Parman : Trus gue mesti bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho…
Parman : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo gue sing kok takoni….
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi…
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Nipon kalih Aldo dhekwingi mboten purun kalangan drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora golongan ki ?
Aldo : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko…
Aldo : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kalangan
Sawise ngono, bocah papat kalangan nggae drama. Amarga bahu-membahu akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek…
Parman : Di, Do, nyapo meneng ae ki…. wis berhasil lho
Nipon : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo…. Sing penting iki wis berhasil.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek bantu-membantu bareng kan iso apik hasile
Nipon : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Aldo : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Nipon lan Aldo mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan jerih payah iku mampu ndadekake semubarang gawe dadi mudah lan oleh hasil kan muasne.